Busana menika tegesipun rasukan ingkang dipunangge nutupi badan kita. Busana menika raket sanget kaliyan gesang kita. Amargi busana menika salah satunggaling kabetahan ingkang pokok sasanesipun dhahar saha papan. Pramila, kita kedah nggadhahi kawigatosan ingkang ageng marang busana ingkang kita angge.
Busana menika nggadhahi kathah gina. Busana saged nyegah kita saking panas lan adhem. Busana ugi saged ndadosaken kita langkung rapi lan nggadhahi wibawa. Ing agama Islam, busana ugi kangge ngibadah lan supados kita dipunmangertosi minangka muslim utawi muslimah.
Busana inggih raket kaliyan kapribaden kita. Kapribaden saged nyebabaken kados pundi cara kita tumindak kaliyan tiyang sanes saha kados pundi tiyang sanes mirsani kita, tumindak marang kita. Kapribaden ingkang sae saged damel kathah kanca lan mitra, saha damel kawontenan ingkang ngremenaken panggalih.
Nanging, ing jaman samenika kathah tiyang ingkang boten wigatos kaliyan busananipun. Waton ndherek trend. Pramila, saged kita sebat ugi menawi samenika kahtah ingkang boten wigatos marang kapribadenipun piyambak-piyambak. Satemenipun, masalah menika masalah ingkang serius. Lare-lare estri, ngangge busana ingkang ‘bahanipun kirang’, saengga busananipun alit-alit, mini-mini, mepet-mepet, ‘suwek-suwek’, utawi ngangge rok lan clana ingkang mlorot-mlorot, lan sapanunggalanipun. Lare-lare jaler ugi sami kemawon. Clananipun dipunplorotaken, clana potlot, suwek dengkulipun, ngangge busana boten rapi, lan sapanunggalanipun.
Kados ingkang dipunsebat ing ngandhap, busana menika nandhakaken kapribadenipun sawijining tiyang. Pramila, menawi busananipun kados makaten, kita saged mangertos menawi kapribadenipun boten sae. Lare-lare jaler menika saged kita vonis minangka lare ingkang grusa-grusu, nakal, boten gampil dipunatur, males, lan sapanunggalanipun. Dene, lare-lare wadon menika angsal anggepan menawi piyambakipun boten gadhah harga dhiri, nakal, gampangan, males, boten gadhah pendihirian (waton ndherek trend), lan sapanunggalanipun.
Benten kaliyan tiyang ngangge busana ingkang sae, rapi, saha nutup aurat kanthi tenanan. Menika nandhakaken menawi tiyang menika rajin, taat ngibadahipun, lan ngremenaken menawi dipunajak srawung. Kejawi menika, tiyang ingkang ngangge busana ingkang sae ugi nandhakaken menawi tiyang menika ngajeni lan ngurmati tiyang sanes.
Saking sedaya seratan menika, kita kedah pinter saha tliti anggenipun ngangge busana. Kedah nutup aurat, rapi, sae, lan boten waton ndherek trend. Amargi, kejawi saged damel kapribaden ingkang sae, kita sadhar utawi boten, panggalih kita kasurung supados dados tiyang ingakng jumbuh kaliyan busana ingkang kita angge.[]
Walah boz… Sugeng enjang. Mbenjang mampir blog kulo nggih
LikeLike