Pacelathon ICT kangge Pendhidhikan

Bagus    : “Eh, Assalamualaikum Pak Dar”

Pak Dar : “Wassalamualaikum le. Nak bagus…”

Bagus    : “Pak Dar, menika kula badhe nyuwun pirsa.”

Pak Dar : “Oh ya, ya, apa ta, Nak? Babagan apa?”

Bagus    : “makaten, Pak. Bapak sampun seminggu menika ndherek seminar teeng Bandung…”

Pak Dar : “Oh, iya, iya, babagan  “Metode Pembelajaarn yang Baik” iku, ta?”

Bagus    :”Leres Pak. Kla nyuwun pirsa menapa kemawon ingkang dipun ngendikaaken dening narasumberipun?”

Pak Dar : “Pak Indramawan Setyana Nugraha Santoso iku, ta? Dheweke ngomong yen saiki Indonesia iku lagi akeh masalah ing pendhidhikan. Nah, diprelokake metode sing apik kanggo ningkatake kualitas pendhidhikan ing Indonesia.”

BAGUS : ”Kados pundi metode ingkang sae menika, Pak?”

Pak Dar : ”Nganggo ICT”

Bagus    : ”ICT? Information and Communication Technology?”

Pak Dar : ”Iya, gampangane ngganggo sarana komputer”

Bagus    : ” Supados menapa, Pak?”

Pak Dar : ” Supaya bocah-bocah utawa murid-murid sing diwulang luwih antusias lan seneng. Dhewekke bisa nyawang gambar utawa animasi sing apik.Bahane bisa download saka internet utawa njalluk kancane sing wis duwe. Pokokke praktis lan gampang.”

Bagus    : “Oh, leres ngih, Pak? Kula ugi remen nalika guru kulaguru kula ngangge komputer lan proyektor.”

Pak dar : “Iya, saiki lagi digolek cara sing apikkanggo nerapake ICT iku ing dhaerah Indonesia. Iku sing angel.

Bagus    : “Oh, mugi-mugi enggal saged kaleksanakaken. Sampun cekap semanten, Pak. Mayur nuwun sanget.”

Pak Dar : “Oh, ya,ya, Padha-padha, le Bagus.”

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s