Pacelathon ICT kangge Pendhidhikan

Bagus    : “Eh, Assalamualaikum Pak Dar”

Pak Dar : “Wassalamualaikum le. Nak bagus…”

Bagus    : “Pak Dar, menika kula badhe nyuwun pirsa.”

Pak Dar : “Oh ya, ya, apa ta, Nak? Babagan apa?”

Bagus    : “makaten, Pak. Bapak sampun seminggu menika ndherek seminar teeng Bandung…”

Pak Dar : “Oh, iya, iya, babagan  “Metode Pembelajaarn yang Baik” iku, ta?”

Bagus    :”Leres Pak. Kla nyuwun pirsa menapa kemawon ingkang dipun ngendikaaken dening narasumberipun?”

Pak Dar : “Pak Indramawan Setyana Nugraha Santoso iku, ta? Dheweke ngomong yen saiki Indonesia iku lagi akeh masalah ing pendhidhikan. Nah, diprelokake metode sing apik kanggo ningkatake kualitas pendhidhikan ing Indonesia.”

BAGUS : ”Kados pundi metode ingkang sae menika, Pak?”

Pak Dar : ”Nganggo ICT”

Bagus    : ”ICT? Information and Communication Technology?”

Pak Dar : ”Iya, gampangane ngganggo sarana komputer”

Bagus    : ” Supados menapa, Pak?”

Pak Dar : ” Supaya bocah-bocah utawa murid-murid sing diwulang luwih antusias lan seneng. Dhewekke bisa nyawang gambar utawa animasi sing apik.Bahane bisa download saka internet utawa njalluk kancane sing wis duwe. Pokokke praktis lan gampang.”

Bagus    : “Oh, leres ngih, Pak? Kula ugi remen nalika guru kulaguru kula ngangge komputer lan proyektor.”

Pak dar : “Iya, saiki lagi digolek cara sing apikkanggo nerapake ICT iku ing dhaerah Indonesia. Iku sing angel.

Bagus    : “Oh, mugi-mugi enggal saged kaleksanakaken. Sampun cekap semanten, Pak. Mayur nuwun sanget.”

Pak Dar : “Oh, ya,ya, Padha-padha, le Bagus.”

Busana menika Pribadi Kita

Busana menika tegesipun rasukan ingkang dipunangge nutupi badan kita. Busana menika raket sanget kaliyan gesang kita. Amargi busana menika salah satunggaling kabetahan ingkang pokok sasanesipun dhahar saha papan. Pramila, kita kedah nggadhahi kawigatosan ingkang ageng marang busana ingkang kita angge.

Busana menika nggadhahi kathah gina. Busana saged nyegah kita saking panas lan adhem. Busana ugi saged ndadosaken kita langkung rapi lan nggadhahi wibawa. Ing agama Islam, busana ugi kangge ngibadah lan supados kita dipunmangertosi minangka muslim utawi muslimah.

Busana inggih raket kaliyan kapribaden kita. Kapribaden saged nyebabaken kados pundi cara kita tumindak kaliyan tiyang sanes saha kados pundi tiyang sanes mirsani kita, tumindak marang kita. Kapribaden ingkang sae saged damel kathah kanca lan mitra, saha damel kawontenan ingkang ngremenaken panggalih.

Nanging, ing jaman samenika kathah tiyang ingkang boten wigatos kaliyan busananipun. Waton ndherek trend. Pramila, saged kita sebat ugi menawi samenika kahtah ingkang boten wigatos marang kapribadenipun piyambak-piyambak. Satemenipun, masalah menika masalah ingkang serius. Lare-lare estri, ngangge busana ingkang ‘bahanipun kirang’, saengga busananipun alit-alit, mini-mini, mepet-mepet, ‘suwek-suwek’, utawi ngangge rok lan clana ingkang mlorot-mlorot, lan sapanunggalanipun. Lare-lare jaler ugi sami kemawon. Clananipun dipunplorotaken, clana potlot, suwek dengkulipun, ngangge busana boten rapi, lan sapanunggalanipun.

Kados ingkang dipunsebat ing ngandhap, busana  menika nandhakaken kapribadenipun sawijining tiyang. Pramila, menawi busananipun kados makaten, kita saged mangertos menawi kapribadenipun boten sae. Lare-lare jaler menika saged kita vonis minangka lare ingkang grusa-grusu, nakal, boten gampil dipunatur, males, lan sapanunggalanipun. Dene, lare-lare wadon menika angsal anggepan menawi piyambakipun boten gadhah harga dhiri, nakal, gampangan, males, boten gadhah pendihirian (waton ndherek trend), lan sapanunggalanipun.

Benten kaliyan tiyang ngangge busana ingkang sae, rapi, saha nutup aurat kanthi tenanan. Menika nandhakaken menawi tiyang menika rajin, taat ngibadahipun, lan ngremenaken menawi dipunajak srawung. Kejawi menika, tiyang ingkang ngangge busana ingkang sae ugi nandhakaken menawi tiyang menika ngajeni lan ngurmati tiyang sanes.

Saking sedaya seratan menika, kita kedah pinter saha tliti anggenipun ngangge busana. Kedah nutup aurat, rapi, sae, lan boten waton ndherek trend. Amargi, kejawi saged damel kapribaden ingkang sae, kita sadhar utawi boten, panggalih kita kasurung supados dados tiyang ingakng jumbuh kaliyan busana ingkang kita angge.[]